Sunday, November 20, 2016

se-NGERES apakah pikiran Anda??


» Manuke glathik menclok nok watu; barange cilik kok angel melbu (dondom).
.
» Wajik klethik gulane jowo; wulune sithik barange dowo (tales kimpul).
.
» Pitik walik nguntal watu; wes gaya molak-malik kok ra metu-metu (nguthik celengan).
.
» Sego gurih lawuhe sate usus; awale perih sateruse bludhas-bludhus (tindhik).
.
» Penyakit udun tambane suket; munggah-mudhun marai kemringet (push up).
.
» Becik ketitik olo rupamu; digoyang sithik ben cepet metu (ngundhi arisan).
.
» Weruh wong gemblung marai mules; ndhuwur diambung kok ngisore teles (nggendong bayi).
.
» Kue puthu diwadhahi piring; nek ra metu-metu, jajal karo miring (kuping klebon banyu).
.
.
Sugeng Ndalu Ibu2 bapak2...,sugeng nindaaken shalat Isya ngeeh......
🙏🙏🙏😁😁😁😁

Share: